IBX5980432E7F390 Contoh Pidato Bahasa Jawa, Untuk Siswa Lomba Pidato - BUKA RAHASIA

Navigation List

Jangan Lakukan 7 Keromantisan Ini, Jika Ingin Hubunganmu Aman dan Langgeng

Jangan Lakukan 7 Keromantisan Ini, Jika Ingin Hubunganmu Aman dan Langgeng - Hmm.... ingin hubungan langgeng kenapa malah dilarang romantis...

Contoh Pidato Bahasa Jawa, Untuk Siswa Lomba Pidato

Contoh Pidato Bahasa Jawa, Untuk Siswa Lomba Pidato - Pidato bahasa Jawa adalah penyampaian informasi dengan menggunakan bahasa Jawa dengan memperhatikan gramatikal dan retorika yang baik dan benar. Biasanya, pidato bahasa Jawa ini dilaukan dalam rangka acara-acara adat atau yang sifatnya kedaerahan. Meskipun pidato bahasa Jawa jarang digunakan, tapi sangat penting bagi siswa untuk mengatahui bagaimana berpidato dengan menggunakan bahasa Jawa. Maka tak heran sering diadakan lomba-lomba pidato dalam bahasa Jawa. 

Contoh Pidato Bahasa Jawa

Pangabekten dhumateng Tiyang Sepuh kaliyan Guru ingkang minangka salah satunggalipun Pendhidhikan Karakter
Bismillahirohmaanirohiim
Assalamualaykum Wr. Wb.
Kawilujengan, rahmat, saha berkahipun Gusti Allah mugi tansah tumedhak lan kasarira kita sedaya.
Ketua panitia lomba ingkang dahat kinurmatan, bapak-ibu guru ingkang dahat kinurmatan, para rawuh ingkang luhur ing budi, kanca-kanca peserta lomba ingkang daktresnani.
Mangga kita sedaya tansah ngonjukaken puja astawa puji astuti raos syukur wonten ngarsa dalem Allah swt. dene ing wekdal (enjing, siyang) menika kita tansah pinaringan kasarasan, kekiyatan sami saged makempal wonten ing papan punika.
Sholawat saha salam kita aturaken wonten ngarsanipun Nabi Muhammad Saw. minangka rahmatan lil alamin, para kulawarga, para sahabatipun, lan para padherekipun ingkang tansah setya bekti dumugi puputing jaman.
Saben tiyang menika mesthinipun anggadhahi tiyang sepuh. Kita sedaya ugi mangertos menawi tiyang sepuh punika tansah nyambut damel kanthi tumemen, ngupadaya supados putranipun saged kados lare umum ingkang saged kagayuh menapa ingkang dipunbetahaken.
Mula saking menika, wonten kalodhangan punika kula badhe angandharaken babagan wigatinipun ngabekti kaliyan tiyang sepuh.
Para rawuh ingkang luhur ing budi mesthinipun sami mangertos bilih wekdal ibu ngandhut punika wonten ing kahanan ingkang prihatin amargi wonten ing prastawa ngantu-antu miyosipun kang putra. Dene bapak siyang lan dalu ugi tansah nyambut damel meres kringet kagem nyekapi kabutuhan kang putra. Sasampune kang putra miyos, kekalihipun tansah paring tresna lan asih sarta tansah paring wigati dhumateng putranipun. Langkung-langkung dumugi sakmenika bapak saha ibu taksih paring menapa kemawon dhumateng putra kadosta tresna, welas asih, ngelmu gesang, ngelmu babagan agama, ngelmu kadonyan, wragat, lan sapanunggalanipun ingkang boten saged kasebataken amarga saking kathahipun. Mekaten gegambaran mulyanipun tiyang sepuh kula kaliyan panjenengan sedaya.
Gusti Allah menika paring printah supados kang putra bekti kaliyan tiyang sepuhipun. Babagan punika kaandhut wonten ing tembang Macapat Maskumambang:
Wong tan manut pitutur wong tuwa ugi,
anemu duraka,
ing donya tumekeng akhir,
tan wurung kasurang-surang. (ditembangke)
Tembang Macapat Maskumambang menika ngandhut pitutur luhur supados kita tansah manut mituhu kaliyan pituturipun tiyang sepuh, amargi tiyang ingkang boten manut pituture tiyang sepuh menika bakal manggihi duraka wonten ing pungkasanipun.
Gusti Allah paring printah dhumateng kita sedaya supados tansah tumindak sae kaliyan tiyang sepuh. Kita minangka putra boten pareng matur ingkang saged damel duka lan duhkitanipun tiyang sepuh, boten pareng matur kanthi sora (nyentak-nyentak) dhumateng tiyang sepuh, sanadyan namung matur “ah”, saha kedah matur ingkang sae lan saged damel tentreme manah tiyang sepuh.
Para rawuh ingkang dhahat kinurmatan, wonten maneka warna ingkang saged dipunlampahi gegayutan kaliyan pangabekten dhumateng tiyang sepuh. Ing antawisipun inggih:
1.      Mituhu utawi manut punapa dhawuhe tiyang sepuh. Boten pareng nentang utawi ngeyel babagan menapa ingkang dikengken dening tiyang sepuh. Menawi kita didhawuhi sinau, prayogane kita enggal-enggal sinau. Amargi dhawuhe tiyang sepuh menika anggadhahi ancas sae kagem kita. Ancase tiyang sepuh ndhawuhi kita sinau menika supados kita wasis utawi pinter lan saged nggayuh menapa ingkang dipunkajengake.
2.      Mbiyantu pikaryanipun tiyang sepuh. Tuladhanipun menawi kita ningali jogan jenes lan reget, kedahe enggal dipunresiki, disapu. Mekaten ugi menawi wungu, kedahe ngrapekake papan kagem tilem. Kita boten pareng damel repote bapak kaliyan ibu. Kedahe kita mbiyantu bapak kaliyan ibu.
3.      Matur kanthi sopan lan sae sarta boten matur punapa ingkang saged damel duka tiyang sepuh.
4.      Sinau kanthi sregep supados dados putra ingkang pinter lan wasis. Tiyang sepuh mesthinipun remen sanget menawi putrane sregep lan wasis. Damel bingahe tiyang sepuh kalebet bekti ugi dhumateng tiyang sepuh.
5.      Ingkang pungkasan inggih ngibadah kanthi sregep lan ndongakaken tiyang sepuh.

Dene menawi sampun boten kagungan tiyang sepuh utawi tiyang sepuhipun sampun tilar donya, kita tansah saged paring pangabekten dhumateng panjenenganipun kanthi:
1.        Tansah (n)dongakaken tiyang sepuh
2.        Nyuwun apura tiyang sepuh dhumateng Gusti Allah
3.        Nglampahi punapa ingkah dereng kejangkah dening tiyang sepuh nalika taksih gesang
4.        Nyambung tali silaturahim utawi tali pasedherekan kaliyan kadang sedhereke tiyang sepuh

Para rawuh ingkang luhur ing budi, sumangga wonten ing wekdal menika kula kaliyan panjenengan sedaya ndedonga kagem tiyang sepuh supados piyambakipun tansah pinaringan kasarasan saengga saged nyekseni kita sukses kados ingkang dikajengaken tiyang sepuh; saged ngrencangi, anjagi tiyang sepuh dumugi ngenjang. Amargi kathah sanget jasane tiyang sepuh dhumateng kita sedaya kadosta sampun ngrumat, ngopeni, ndhidhik, mbiyayani, sarta nyekapi sedaya kabetahan kula kaliyan panjenengan sedaya  tanpa pamrih. Saking bab-bab menika kita saged ningali bilih pangorbanan tiyang sepuh dhumateng putrane punika ageng sanget.
Mekaten babagan pangabekten dhumateng tiyang sepuh. Dene menawi wonten sekolah, ingkang dados tiyang sepuh inggih bapak kaliyan ibu guru. Mula skaing menika wonten ing sekolah kita ugi kedah ngabekti setya tuhu dhumateng bapak kaliyan ibu guru ingkang minangka tiyang sepuh nomer kalih sasampunipun bapak kaliyan.
Kados pundi anggen kita ngabekti kaliyan bapak ibu guru? Kita saged nedhahaken bektinipun dhumateng bapak kaliyan ibu guru kanthi manut sedaya pituture bapak kaliyan ibu guru amarga guru punika kedah digugu lan diitiru. Kita kedah tansah nindakake punapa ingkang didhawuhi bapak saha ibu guru amargi punapa ingkang kawejangaken dhumateng kita mesthine babagan ingkang sae. Bapak ibu guru anggadhahi jasa damel siswa-siswi wasis, trampil, mangertos kathah ngelmu babagan menapa kemawon ingkang saged anglantaraken siswa nggayuh kasuksesanipun. Guru ugi nindakaken pangorbanan kanthi ancas supados siswanipun saged dados pribadhi ingkang langkung becik, langkung-langkung saged ngangkat drajad martabat tiyang sepuh saha sekolahipun. Bab menika kagambaraken wonten ing tembang Macapat Dhandhanggula:
Lamun sira anggeguru kaki,
amiliha manungs akang nyata,
ingkang becik martabate,
sarta kang wruh ing kukum,
kang ngibadah lan kang wirangi,
sokur oleh wong tapa ingkang wus amungkur,
tan mikir pawehing liyan,
iku pantes sira guronana kaki,
sartane kawruhana. (ditembangake)
Tembang menika anggadhahi pitutur luhur menawi kita kedah pados guru ingkang sae martabatipun, anggadhahi ngelmu babagan kukum; agama; lan ngelmu pagesangan ingkang mumpuni, sarta ingkang saged paring piwucalan babagan pendidikan karakter kagem siswanipun.
Para rawuh ingkang satuhu kinurmatan wajib kagem kula kaliyan panjenengan sedaya supados tansah ngabekti dhumateng tiyang sepuh saha guru. Pangabekti ingkang awujud mituhu dhawuhe tiyang sepuh kaliyan guru punika minangka salah satunggalipun pendidikan karakter. Pendidikan karakter minangka kunci sukses saben pribadi amarga pinter namung pendidikan moral boten sae, boten bakal dados pribadhi ingkang becik martabate. Saenipun menawi kapinteran disarengi kaliyan pendidikan moral ingkang sae ugi, saengga saged mujudaken kewasisan wonten bab spiritual, emosional, saha intelegensi kanthi seimbang. Menawi saben tiyang anggadhahi pendidikan karakter, spiritual, intelegensi ingkang sae tiyang ingkang luhur ing budi sarta sae martabate bakal kawujud.
Mula saking menika, sumangga wiwit samenika kita manut pitutur sae ingkang kawejangaken dening tiyang sepuh kaliyan guru. Amargi bab menika dados salah satunggalipun wujud pangabekti dhumateng piyambakipun lan kalebet pendidikan karakter ingkang sae. Kula kaliyan panjenengan sedaya kedah tansah ngabekti dhumateng tiyang sepuh kaliyan guru amargi piyambakipun sampun paring mapinten-pinten piwulang luhur, biaya, pangorbanan, ketrampilan lan sapanunggalanipun dhumateng kita saengga kaajab kita saged dados tiyang ingkang sae martabate. Pangabekti dados satunggalipn cara kagem males sedaya jasa tiyang sepuh kaliyan guru ingkang tanpa upami.
Susuh bubrah manuk tuhu
ditata ora keburu
Kita kedah setya tuhu
Mring wong tuwa uga guru

Mekaten ingkang saged kula andharaken. Mugi-mugi saged paring mupangat dhumateng kita sedaya. Menawi kathah kekirangan kula tansah nyuwun lumubering samodra pangaksama.
Maem kupat jodhone santen
Menawi lepat nyuwun pangapunten
Nuwun maturnuwun
Wassalamualaykum Wr. Wb.



Berlangganan Untuk Mendapatkan Artikel Terbaru:

0 Komentar Untuk "Contoh Pidato Bahasa Jawa, Untuk Siswa Lomba Pidato"

Posting Komentar